Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru
ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula
tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti
ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan
dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara
perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken
maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun
mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun
tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo
kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak /
Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan
mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo
lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken
pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek
lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang -
rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten
kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Berkomentarlah Sobat, dan Like Blog Ini, Jika Sobat yang Mau meng COPY posting yang ada di Blog Ini, Mohon Sertakan Link dofollow-nya,
buat yang sudah COPY posting yang ada di blog dan menyertakan link dofollownya Saya Ucapkan Terima Kasih.
HARGAI SESEORANG, JIKA KAMU MAU DI HARGAI ORANG LAIN.