Ingkang
kinurmatan rama kyai ……………. Ingkang kito
ajeng2 fatwanipun, ingkang kawulo hormati sesepuh soho pini sepuh , ingkang
kito ajeng2 wejangan2nipun. Dumateng Bpk kepala desa sa’perangkatipun ingkang
kito taati peraturan lan perintahipun. Dumateng sedoyo hadirin/hadirat kaum muslimin/muslimat
ingkang kawulo hormati.
Kanthi
ngucapaken raos sukur Alhamdulillah dumateng ngarsaning gusti Allah ta’ala.
Katitik ngantos ing punika wekdal panjenengan saha kula taksih pinaringan
Rahmat lan hidayahipun sahingga wonten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad
SAW, punika kita sedoyo saged angrawuhi lan makempal wonten ing masjid Miftahul
Huda miriki.
Satemah
ing ndalu punika kita saged makempal wonten ing papan punika saperlu amengeti
dinten wiyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, kaping kalihipun shalawat lan salam
mugi2 konjuk dumateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Awit labuh
labatipun sahengga agami Islam tuwuh angrembaka wonten ing zaman saniki, lan
Islam ingkang sampun kita rungkepi punika, mila kita saged ambentenaken
perkawis ingkang njlomprongaken lan perkawis ingkang nguntungaken.
Hadirin hadirat
kaum muslimin muslimat Rahimmakumullah….
Kados
sampun kasebataken dening pranatacara, bilih kula minangka mewakili saking
segenap Panitia pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Minangka pangarsaning
panitia kulo hangaturaken sewu2 agunging apnuwun dhumateng para hadirin hadirat
sedaya ingkang sampun kepareng nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi acara
punika.
Kula
rumaos bombong awit panyengkuyung lan keshadaranipun umat Islam kanti ikhlas sampun sesarengan hanyengkuyung
kaleksananipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika
rencana lan tujuanipun sagunging para panitia ngawontenaken adicara punika
mboten sanes hanguri-uri murih ngrembakaning ajaran Islam ingkang sampun kaasta
dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Mugi2
gusti Allah paring lelintu dhumateng amalan kita wonten ing ndalu punika kanti
ganjaran ingkang sebobot lan satimbang kaliyan pandamel kita, Amin….
Para
Bapak/ibu sagunging para kaum muslimin/muslimat ingkang kinurmatan, sepisan
malih sagunging panitia tansah ngatuaken agunging panuwun dhumateng para Bapak
ibu lan sederek sedaya sarta sadaya ingkang ingkang sampun kepareng
hanyengkuyung wontenipun tata adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW punika.
Lan kula
pinangka pangarsaning panitia sarta para kadang panitia tansah nyuwun agunging
samodra pangaksami, awit kula sakadang hangrumaosi bilih anggenipun
hanggaturaken papan palenggahan saha samukawisipun kirang mranani dumateng
manah panjenengan sedaya.
Mbok
menawi cekap semanten ingkang dados atur kulo wonten ing acara punika,
kiranging basa kula tansah nyuwun sih agunging pangaksami, purnaning atur,
Billahi taufiq wal hidayah ..
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Berkomentarlah Sobat, dan Like Blog Ini, Jika Sobat yang Mau meng COPY posting yang ada di Blog Ini, Mohon Sertakan Link dofollow-nya,
buat yang sudah COPY posting yang ada di blog dan menyertakan link dofollownya Saya Ucapkan Terima Kasih.
HARGAI SESEORANG, JIKA KAMU MAU DI HARGAI ORANG LAIN.